Angin sumilir ngrajut awak kanginan
Cumlorot srengenge seko timur kae
Widodari padha medhun kayangan madyaning sendhang
Tetes tumetes ing wanci ilining toya
Luhku ambyar, getunku saktekaning Jimbaran
Wiwit kok seratke tresna iku
Manuk-manuk kepodang padha geguyonan
Tresna kuwi koyo ombak ning samodra, dek
Ora namung babagan sepele
Nanging saiki, saumpamane kowe takon isine atiku
Sek ilang ben ilang padha pangarepmu
Sakpurane kula marang Gusti
Urip kebak ngresah, babagan cidro panglipur salira
Sakbenwayah kudu sumringah
Sakbendino kudu sabar ing rasa
Yogyakarta, 13 September 2017
Didedikasikan untuk Amalina D. P